Selasa, 16 Desember 2008

Perawatan wajah

Kursus perawatan kecantikan wajah dengan bahan-bahan alami. Dengan dipandu oleh ahlinya. Tentunya untuk:~ Menghilangkan jerawat
~ Mengencangkan wajah yang sudah mulai layu
~ Membangkitkan aura untuk meningkatkan inner Beauty
~ Anti Penuaan Dini

Jika Anda berminat HUB : Bpk. Joko Sukisno,,(0251)9160717, 081314023317

3 komentar:

  1. URIP BAGyO KANG DIPUNGKASI
    KANTHI PIKOLEHING KASAMPURNAN JATI
    Pambuka
    Buku iki, isine dudu alat sing gumatok utawa patokan mati kang duwe maksud sapa wae kang gelem, akeh kabagian urip sajati. Ing donia iki, lan pepenginan menawa nek wis tiba wancine tumeka bisa nampa “kasampurnan jati”, laku sing ora kemudu kudu, luwih ora bener, menawa dadi pedoman utawa patokan kang ana ing buku iki (didadekna koyo patokan, paugeran, apa maneh dadi dogma).
    Buku iki isine mung menehi tuntunan kepriye menungsa bisa meguru marang guru sejatine dhewe, yaiku uripe dhewe, utawa rokh-e dhewe (his or her own soul).
    Kang kudu dinut dening pendakwong yaiku tuntunankang paling becik saka uripe dhewe.
    Urip sing bisa nuntun sing paling becik (beciking becik) lan paling bener (benering-bener) tumrap pendak menuungsa, kang sifate pribadi amarga urip kuwi kang asale saka Maha Urip, yaiku Gusti kang Maha Tunggal (urip kang ngalimputi, ngobahake lan nguwasani jagad raya saisine) lan yo mung urip, kang mengkone bali (kudune) marang Gusti kang Maha Tunggal.
    Urip kang mangerteni, apa lan kepriye ragane (menungsa) pendak wektu kudu tumindak sak semongso isih ana ing donia, kareben tansah ing swasana Bagia Sejati.
    Bagia sejati iku humong ana ing rasa sing kita alami, kang tansah owah gingsir.
    Menawa kita nindakake urip lan panguripan ing dunia iki nurut dalane urip, mula kita arep ngalami urip lan panguripan kita kang tansah kalimpudhi dening rasa bagia kang sejati.
    Mulane “mlakune urip” kita, ora kakal nyimpang saka saindering urip dhewe (the life cycle), tegese kita ora gowo sang urip ben gampang saka kelakune kang kudune digayuh, yaiku Gusti (Tuhan) banjur ana ing donya dadi siji karo raga sak banjure lepas karo rogo,lan langsung bali menyang asale yaiku gusti kang Moho Tunggal tanpa kudu nunggu yutaan tahun.
    Ora setithik menungsa kang urip saiki, ing jaman kang dikandakake maju, modern, amarga dicukupine kabeh kebutuhan materiale, uga kabutuhan emosionale, ananging kelangan rasa bagia kang seejati. Pol - pole yomung dirasakake sedhela, sak banjure ilang lan golek seneng meneh, lan seteruse.
    Ora setithik para keluarga kang kelangan harmonise, serasine, kebagiaan ing jero keluwarga opo kang kaidham-idhamake kabeh wong ing wektu kepengin mbangun keluwarga.
    Kabeh mau, amarga menungsa nglalekake menawa ing njero awake ana urip (rokh, soul)e. tanpa urip, kabeh samubarang muspra lan ora nduweni rega maneh.
    Wis nyoto nek menungsa rumangsa tetep duweni pepinginan, lan uga duweni usaha nindakake sesambungan karo Gustine (Tuhan)ne ananging kabeh kang ditindakake, mlenceng adoh saka sesambungan kuwi. kabeh tindak-tanduke, sing dadi patokane yo rung akal pikirane dhewe, kang dadi patokan, apa kang dianggep dheweke becik lan bener ora gelem weruh, apa kang sak tenane becik lan bener. ora gelem weruh, apa kang sak tenane becik lan bener marang dheweke miturut Gusti (Tuhan).
    Kanthi njalani laku kasampuran manunggal kinauteran sarwo mijil, menungsa tansah katuntun diwenehi weruh, apa kang becik lan bener kanggo tumindake dheweke, pendak wektu, sing menehi weruh, uripe dhewe amarga yo mung urip kang bisa nangkep karsane Gusti ing pendak wektu.
    Buku iki, isine gegambaran bab kepriye njalani laku kasampurnan iku, dudu kanggo pedoman (patokan) lan ora kudu kon percaya. Menawa menungsa wis njalani, dheweke arep entuk pengalaman lan bukti-bukti dhewe. dadi, nek percaya, amarga ngalami, mbukteake lan ngrasake dhewe.
    Buku iki kasusun, kanthi landesan karepe penulis “ngangsu” (nimba) saka sumbere, yaiku Romo Herucoko Semono. Rata-rata meh pendak minggu, mataun-taun, tansah ”sowan” (ngadep) kanggo ngangsu “pangerten” bab laku kasampurnan iki, yo wis mesti ditambahi pengalaman ngayati lan ngamalake laku iki puluhan tahun lan pengalaman sing ngamati lan momong maewu-ewu wong kang podho-podho ngayati laku iki (kasebut “kadhang”). dadi, nek ana “kadhang” sing nduweni wawasan liya, kuwi wajar, lan kuwi dadi hak-e. Luwih-luwih menawa kang dikandakake yaiku pengalaman pribadine. mula penulis ngupaya, nulisake buku iki cara umum tanpa nglebokake pengalaman kang sifat banget pribadi.
    Kebeneran uga, “dawuh” lan wulang wuruk (ajaran) saka Romo Herucoko Semono kang kawedarake ing kene, sifat umum dudu dawuh kang sifat kanggo pribadi penulis.
    Wis sak mestine, penulis tetep nyadari , yen laku iki, menawa katulis kabeh, yen nganti segara kaganti dadi mangsi ora cukup kanggo nulisake ( “sanajan banyu kabeh segara dadhi mangsi, ora cukup kanggo nulis kabeh dhawuh).
    Ka bayang –ke wae, dhawuh-dhawuh Romo Herucoko Semono wae sing piyambake lakoni luwih saka 25 tahun, esok, awan, mbengi saka 1955 nganti 1981 .tangeh lamun bisa nulisake kabeh?
    Sabanjure, penulis ora njaluk ben tulisane dipercaya, dibenerake apa dedadekake pedomann. Penulis gawe buku iki, amarga saka panjaluke wong akeh, mataun-taun. dadi, netepi pepenginan wong akeh, penulis nyoba gambarake laku kasampurnan manunggal kinantenan sarwo mijil. Kang saktenane kuwi apa lan kepriye njalani kang becik lan bener. uga murni tanpa kacampur aduk karo laku utawa ilmu liyane, amarga saka kepentingane menungsane dhewe-dhewe.
    Tumrap kang rumangsa ora cocok karo tulisan iki, mestine aja dieling-eling meneh lan dianggep wae ora tau maca buku iki, tumrap kang cocok mangga menawa dienggo.
    Penulis ora kabotan menawa buku iki difotokopi ning aja disalin. Wedine menawa salah sing nyalin njerone isi tembung-tembung kang sak temene gaib. nek sak tembung wae diowahi, bisa muspro, ora migunani blas.
    Penulis wani gawe buku iki, amarga ajaran (paringan wulan lan wuruk) Romo Herucoko Semono inim wis resmi dipaparake ing ngarep kabeh instansi tingkat pusat pamarintah RI. Para cendekiawan saka warna-warni universitas, para tokoh, wakil agama-agama. lan wis enthuk piagam. Tegese wis resmi kena dikayati lan diamalake ana ing wilayah hukum RI.
    Kabeh mau ora mung kanggo para penghayat kang ing luar negeri (nganti buku iki digawe laku iki wis dikayati lan diamalake oleh maewu-ewu wong manca ing 19 negara).
    Jakarta, ……………..1993
    Penulis

    BalasHapus